GEGURITAN
YO WES..
Sedakep,
pasrah, lan anteng
Ngrasakke ati
Kang lagi kesayat lathi landhep
Kembang kang tinandur sakjroning ati
Kabeh layu ora mbok urusi
Opo iki kang jenenge garise urip
Kembangku siji ilang saka ati
Mung pasrahe diri
Kang sanggup dadi obat lara ati
Yo wes...
Uwes nak wes pancen kegaris
Aku lungo sliramu lungo
Nata bata anyar karo wong liya
Aku wes lila
Aku ora nyesel
Aku mung pengen ndonga
Duhh Gusti..
Tambanana atiku kang lara iki
Ngrasakke ati
Kang lagi kesayat lathi landhep
Kembang kang tinandur sakjroning ati
Kabeh layu ora mbok urusi
Opo iki kang jenenge garise urip
Kembangku siji ilang saka ati
Mung pasrahe diri
Kang sanggup dadi obat lara ati
Yo wes...
Uwes nak wes pancen kegaris
Aku lungo sliramu lungo
Nata bata anyar karo wong liya
Aku wes lila
Aku ora nyesel
Aku mung pengen ndonga
Duhh Gusti..
Tambanana atiku kang lara iki
0 comments:
Post a Comment