Tuesday, 20 September 2016

ARTIKEL NGURI-URI BAHASA JAWA

ARTIKEL BASA JAWA
“NGURI-URI BASA JAWI”


 














Asma                     : Surya Enjnag Krisdiantoro         
Kelas                     : XII TKR II
No. Absen           : 31




SMK NEGERI 1 JAMBU
KABUPATEN SEMARANG
2014/2015


A.      Sepintas Basa Jawa
Basa Jawa yaiku basa kang dienggo dening masyarakat ing Jawa Tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur. Nanging, migrasi suku Jawa anggawe basa Jawa saiki isa ditemokake ing ngendi-ngendi ora kecuali ing luar negeri. Contone ing Malaysia. Saking akehe wong asli Suku Jawa kang merantau ing Malaysia, ana kawasan pemukiman kang dikenal kampung jawa, Padang Jawa.
Basa Jawa uga kasebar luas ing tlatah Negara Kesatuan Republik Indonesia. Dominasine ing pirang-pirang daerah saka survei inggih menika Lampung (61,9%), Sumatera Utara (32,6%), Jambi (27,6%), Sumatera Selatan (27%), Aceh (15,87%) kang  kajuluk “Aneuk Jawoe”.
Ing luar negeri, masyarakat Jawa kang nganggo basa Jawa uga ditemokake ing Suriname kang migunakake Basa Jawa dadi basa nasional. Ing negara liya kayata Kaledonia Baru, tekan kawasan Aruba lan Caracao uga akeh sing migunakake Basa Jawa.

B.      Unggah-Ungguh Basa Jawa
Unggah-ungguh basa jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa miturut unggah-unggahe kena kaperang dadi 5, yaiku:
1.       Basa Ngoko
2.       Basa Madya
3.       Basa Krama
4.       Basa Kedhaton
5.       Basa Kasar

a.         BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong kang spadha. Basa ngoko kaperang dadi 2, yaiku
1)      Ngoko Lugu
Yaiku tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujude tembung ngoko ora ana tembung kramane. Tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane:
-          Wong tuwa marang bocah enom
-          Wong kang sadrajad
-          Bocah cilik karo kancane
-          Ngomong dhewe (ngunandika)
2)      Ngoko Andhap
Yaiku basa ngoko alus kang luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude basa ngoko kang kacampur tembung krama inggil. Panggonane basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane:
-          Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih duwur drajade
-          Bojone priyayi marang sing lanang
b.         BASA MADYA
Basa Madya iku basa kang ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude basa madya yaiku tembung madya kaworan ngoko utawa krama krama. Manut wujude, basa madya diperang dadi 3, yaiku
1)      Madya Ngoko
Kanggone basa madya ngoko iku lumrahe:
-          Bakul pada bakul
-          Priyayi marang sor-sorane
2)      Madyantara
Basa Madyantara iku wujude tembung:
-          Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
-          Ngoko
-          Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan)


3)      Madya Krama
Basa Madya Krama iku wujude tembung:
-          Madya (ater-ater lan panambang ngoko)
-          Krama lan krama inggil
-          Sampeyang, pangkat, sesebutan/peprenahan
Tuladaha: “Mas, tinimbang sampeyang ngresula ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem mboten enten sambikala”
c.         BASA KRAMA
1)      Krama Inggil
Basa iki luwih mengharagai wong liya, uga kasebut basa krama alus.
Tuladha:
-          Bapak tindhak dateng Jakarta dinten Minggu
-          Eyang kakung nembe siram
-          Pak Bagya nembe mucal kelas sekawan
2)      Krama Lugu
Yaiku kalimat kang ing njerone kaperang saka kata-kata basa jawa krama lan ngoko alus.
Tuladha:
-          Kula dereng tilem
d.         BASA KEDHATON
Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana ing kedhaton. Kanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.
Tuladha:
-          Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih?
-          Jengandika punapi sampun mangertos pawartos puniki?
e.         BASA KASAR
Digunakake marang masyarakat umum sak mbendinane kang kagolong kasar lan ora sopan, biasa digunakake kaliyan wong kang ora sinau undha usuk basa.

C.      Lestari Basa Jawi
Basa jawa pancen dikenal basa kang rumit amarga akeh unggah-ungguh basane. Tapi koyo ngono kui kang marai basa jawa iku nduweni kaluwihan lan kaunikan. Basa jawa iku ngajari nilai-nilai luhur lan sopan santun anggene guneman karo wong liya. Nanging saiki basa jawa uwes kayata ameh dilaleke dening masyarakat jawa iku dhewe amarga perkembangan jaman Kang saking majune.
Ing pembelajaran sekolah, kudune basa jawa iku ora mung dipelajari nganggo teori kemawon. Ananging uga nganggo praktek supaya siswa padha luwih paham. Ora mung ning sekolahan anggene siswa praktek, ananging uga ing lingkungan masyarakat. Mraktekke basa jawa ingkang leres lan apik. Umpama praktik basa jawa isa dilaksanakake kanthi becik. 100% awak dhewe nduweni calon penerus generasi bangsa kang nduweni etika lan perilaku saha tata cara wicara kang luhur lan sopan santun. Mangkene, sumangga kita sedaya ngrasa “MELU HANDARBENI”. Ngrasa melu nduweni, anggene basa jawa iku basa kang kudu dilestarike dening anak cucu kita sedanten. Iku basa leluhur kita sedaya, basa kang dadi ciri khas wong jawa. Monggo sesarengan mbangun LESTARI BASA JAWI.


0 comments:

Post a Comment